Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten. Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap ndalu. Pramila monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.
Namung sak derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem Allah SWT , Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo, sholawat sarto
salam mugi2 tansah katetepno dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2 syafaatipun wonten ing yaumul qiamah.
Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah susunan acara ingkang bade kito lampai :
- Pambuka
- Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam....)
- Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng bpk...
- Pembukuan
- Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban)
- Panutup
Tidak ada komentar:
Posting Komentar